Jumat, 13 Januari 2012

MIJIL

1. Pomo kaki padha dipun eling,
ing pitutur ingong,
sira uga satriya arane,
kudu anteng jatmika ing budi,
luruh sarta wasis,
samubarang tanduk.

2. Dipun nedya prawira ing batin,
nanging aja katon,
sasona yen durung masane,
kekendelan aja wani manikis,
wiweka ing batin,
den samar ing semu.

3. Lan dimantep mring panggawe becik,
lawan wekas ingong,
aja kurang iya panrimane,
yen wis tinitah marang Hyang Widhi,
ing badan punika,
wus pepancenipun.

4. Ana wong narima ya titahing mapan,

dadi awon lan ana wong,

narima titahe wekasane iku dadi becik

kawruhana ugi,

aja seling surup.

5. Yen wong bodho datan nedya ugi,
atakon tetiron,
anarima titah ing bodhone,
iku wong narima nora becik,
dene ingkang becik,
wong narima iku.

6. Kaya upamane wong angabdi,
marang sing Sang Katong,
lawas-lawas ketekan sedyane,
dadi mantri utawa bupati,
miwah saliyaneng,
ing tyas kang panuju.

7. Nuli narima tyasing batin,
tan mengeng ing Katong,
rumasa ing kani matane,
sihing gusti tumeking nak rabi,
wong narima becik kang mangkono iku.

8. Nanging arang iya wong saiki,
kang kaya mangkono,
Kang wus kaprah iyo salawase,
yen wis ana lungguhe sathithik,
apan nuli lali.
ing wiwitanipun

9. Pangrasane duweke pribadi,
sabarang kang kanggo,
datan eling ing mula mulane,
witing sugih sangkane amukti,
panrimaning ati,
kaya anggone nemu.

10. Tan ngrasa kamurahaning Widdhi,
jalaran Sang Katong,
jaman mengko ya iku mulane,
arane turun wong tuwa tekweng,
kardi tyase Sariah,
kasusu ing angkuh.

11. Arang nedya males sihing Gusti,
Gustine Sang Katong,
lan iya ing kabehing batine,
sanadyan narima ing Hyang Widdhi,
iku wong tan wruh ing,
kanikmatanipun.

12. Wong tan narima pan dadi becik,
tinitah Hyang Manon,
iku iyo rerupane,
kaya wong ingkang ngupaya ilmi,
lan wong nedya ugi kapintaranipun.

13. Iya pangawruh kang den senengi,
kang wus sengsem batos,
miwang ingkang kapinteran dene,
ing samubarang karya ta uwis,
nora kanggo lathi,
kabeh wus kawengku.

14. Uwis pinter nanging iku maksih,
nggonira pitados,
ing kapinterane ing undhake,
utawa unggahe kawruh yekti,
durung marem batin,
lamun durung tutug.

15. Yen wong kurang panrimo ugi,
iku luwih awon barang gawe aja age-age,
anganggowa sabar sarta ririh,
dadi barang kardi resik tur rahayu.

16. Lan maninge babo dipun eling,
ing pituturingong,
sira uga padha ngemplak emplak,
iya marang kang jumeneng Aji,
ing lair myang batin,
den ngarsa kawengku.

17. Kang jumeneng iku ambawani,
karsaning Hyang Manon,
wajib padha wedi lan batine,
aja mamang parintah ing Aji,
nadyan enom ugi,
lamun dadi Ratu,

18. Nora kena iya den waoni,
parentahing Katong,
dhasar Ratu abener prentahe,
kaya priye nggonira sumingkir,
yen tan anglakoni,
pasti tan rahayu.

19. Nanging kaprah ing masa samangkin
anggepe angrengkoh,
tan rumangsa lamun ngempek empek,
ing batine datan nedya eling,
kamuktene iki,
ngendi sangkanipun.

20. Lamun eling jalarane mukti,
pasthine tan mengkuh,
saking durung batin ngrasakake,
ing pitutur engkang dingin-dingin,
dhasar tan paduli,
wuruking wong sepuh.

21. Dadine sabarang tindakneki,
arang ingkang tanggon,
saking durung ana landhesane,
arip crita tan ana kang eling,
elinge pribadi,
dadi tanpa dhapur.

22. Mulanipun wekasingsun iki,
den kerep tetakon,
aja isin ngatokken bodhone,
saking bodho witing pinter ugi,
mung Nabi sinelir,
pinter tanpa wuruk.

23. Sabakdane tan ana kadyeki,
pinter tanpa takon,
apan lumrah ing wong urip kiye,
mulane wong anom den taberi
angupaya ilmu pan dadi pikukuh.

__________________________

Serat Wulangreh Pupuh Mijil

Tidak ada komentar:

Posting Komentar